3D White Peace Symbol

Selasa, 27 November 2012

HIP HOP JIWAKU



Ngomong-ngomong soal cita-cita, aku kepengen nemen dadi artis. Artis sing multitalenta kaya Agnes Monica. Bisa dadi penyanyi, acting sinetron, main film, iklan, presenter musik, model. Pokoke aku kepengen nemen dadi artis. Amin ya Allah…
Seliane cita-citane aku mau, aku kepengen dadi dancer professional. Apa maning dadi penari latare Agnes Monica, tampil maring luar negri.
Nganggo wujudna mimpi-mimpine aku, aku rajin latian saben dina. Belajar nggawe koreo. Gerakan-gerakan sing kreatif trus bervariasi, energic. Pokoke aku pengen saben tampil neng duwur panggung tampil keren trus heboh.
Pernah ngimpi tampil ngedance karo Bisma Karisma. Aduhhh senenge…. Bisma Karisma kuwe salah siji inspirator uripe aku. Aku kepengen duet bareng karo Bisma Karisma. Rasane bangga, nggawe iri BISMANIAC. Hehehe… piss damai
Keahliane aku Hip Hop dance. Aku seneng karo unsur-unsur gerakan Hip Hop. Aku sebenere pengen belajar breakdance, tapi gerakane bahaya, ekstrim.
Aku belajar gerakan cuting, waves, shake, crumping, new style, wackin. Apa maning ya?? Pokoke sing kepengen belajar dance karo aku bae, gratis…!!!
Intine aku seneng ngedance, dance uripe aku, belahan jiwane aku, aku lair nganggo ngedance, dancer sejati. DANGER DANCER!!! Hehhe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar